Link to Home page Link to information about Feminenza Link to Contacts page Feminenza around the globe How to become a member Details of Feminenza events Site map

About Feminenza

Our Aims






See content in other languages

Our Principles and Aims in Javanese

Prinsip-Prinsip Sarujukan

  1. Feminenza percaya anane loro jender kang beda kuwi nyebabake kerjasama kanggo ngasilake barang sing luwih becik. Kerjasama kuwi dianakake kanggo nyiptakake barang sing bisa nggawa kemajuan kanggo kemanusiaan.

  2. Anane kebutuhan kanggo ngadakake perbaikan lan nyeimbangake maneh, dudu dadi pethentengan kang wis kedadeyan, nanging kanggo masa depan sing luwih becik, sing isih akeh sing perlu dingerteni dene loro jender sing beda kuwi.

  3. Kita percaya anane kewajiban kanggo wong wadon kanggo sinau lan ngembangake awake dhewe supaya bisa menuhi tuntutan majune jaman, terbuka marang masa depane lan nglakokake kiprah ing langkah perkembangan lan pembaruan sakteruse kanggo kaloro jender kuwi.

  4. Kita njunjung dhuwur nilai-nilai sing ngormati unike lan sucine kabeh bentuk urip lan bedha-bedha rupane sarta hakikat budaya.

  5. Minangka warga negara ndunya, kabeh bagian saka sijining golongan manungsa, kita nduweni komitmen kanggo nemokake lan negakake anggepan lan nilai-nilai sarujukan sing njembatani rupa-rupa bedha ing siji-sijining manungsa.

Tujuan

  1. Ningkatake pangerten anyar marang kaloro jender kuwi lan nyiptakake kerjasama sing didasarake marang sikap saling ngormati lan menghargai sing katon alamiah dening wong lanang lan wong wadon, sing tukhul saka pengerten lan wicaksana, padha ngedukung kanggo nyiptakake kahanan sing paling becik.

  2. Mbantu mbalekake martabat lan kiprah khususe wong wadon jaman saiki, bagi-bagi ilmu sing wis ana utawa sing anyar kanggo ningkatake pangerten sing luwih becik marang potensi lan kodrat sejatine wong wadon.

  3. Menehi bantuan marang para wong wadon lan remaja putri sing ngupayakake panggonan lan sarana sing luwih becik kanggo majuake uripe lan yen mungkin, nganggo cara apa wae utawa ing bagian dunya ngendi wae, minangka anggota utawa penyandang dana, dene upaya kuwi yaiku menehi bantuan kaya dukungan, pendidikan lan seduluran dening wong wadon.

  4. Ngembangake jejaring internasional kanggo kekuatan, kemanusiaan, dukungan lan persatuan dening wong wadon, lan dening wong lanang lan wong wadon ing jaman saiki.

  5. Mbantu kemajuane manungsa, ningkatake pangerten-pangerten kuwi mau dening kerjasama global lan upayane Feminenza.

 
Feminenza symbol

Top

Feminenza logo
in the encouragement of every woman's future,
working towards a greater mutuality between the genders

© Feminenza 2007